Skip to content Skip to sidebar Skip to footer
Blogger Jateng

5 Arti Tembang Gambuh Serat Wedhatama

 HALO sobat Drapeedia 



Yuk simak artikel berikut ini

Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal anane titilaras slendro lan titilaras pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang. Ing tembang iku rasaning swara winengku ing rasaning basa, tegese nalika nembang kudu ngutamakake basa utawa sastrane. Mula banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho iku pedhotan kang manggon ing wekasaning tembung lan ora medhot wandaning tembung, dene pedhotan kenceng iku pedhotan kang ora manggon ing wekasaning tembung. Serat kang tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning tembang lan paugerane tembang macapat

Tembang Gambuh merupakan sebuah tembang bagian dari Serat Wedhatama yang tulis oleh KGPAA Mangkunegara IV Kesultanan Yogyakarta.


1. Pengertene tembang Gambuh

Tembang Gambuh anduweni arti tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh.  

2. Pathokane tembang Gambuh

Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5

3. Watake tembang Gambuh

Watake yaiku kakulawargan/akrab, sumadulur.  

4. Makna tembang Gambuh

Tembang Gambuh kui ngggambarake watak pawongan kang sansaya diwasa. Tembang iki menehi pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap bisa nyawiji tur urip ayem tenterem.

5. Tuladha Tembang Gambuh

Pada 1


Samengko ingsun tutur,

Sembah catur supaya lumuntur,

Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,

Ing kono lamun tinemu,

Tandha nugrahing Manon.


Artinya


Kelak saya bertutur,

Empat macam sembah supaya dilestarikan,

Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!

Disanalah akan bertemu,

tandha anugrah Tuhan.


Pada 2


Sembah raga punika,

Pakartine wong amagang laku,

Susucine asarana saking warih,

kang wus lumrah limang wektu,

wantu wataking wawaton.


Artinya


Sembah raga adalah,

Perbuatan orang yang olah batin,

Menyucikan diri dengan sarana air,

Yan sudah biasa lima waktu,

Sebagai rasa hormat terhadap waktu.


Pada 3


Inguni-uni ersua,

Sinarawung wulang kang sinerung,

lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,

mintoken kawagnyanipun,

sarengate elok-elok.


Artinya

Pada zaman dahulu,

Belum pernah dikenal ajaran yang penuh tabir,

Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan,

Memamerkan kebiasaannya,

amalannya aneh-aneh.


Pada 4


Thithik kaya santri Dul,

Gajeg kaya santri brahi kidul,

Saurute Pacitan pinggir pasisir,

Ewon wong kang padha nggugu


Artinya


Kadang seperti santri Dul,

Seperti santri wilayah selatan,

Sepanjang pinggir pantai Pacitan,

Ribuan rang yang mempercayai,

Asal-asalan dalam berbicara.


Pada 5


Kasusu arsa weruh,

cahyaning Hyang kinira yen karuh,

ngarep-arep urup arsa den kurebi,

Tan wruh kang mangkoko iku,

akale keliru enggon.


Artinya


Terburu-buru ingin tahu,

Cahaya Tuhan dikira dapat ditemukan,

Menanti-nanti besar keinginan mendapatkan anugrah,

Namun gelap mataOrang tidak paham yang demikian itu,

Nalarnya sudah salah kaprah.


Pada 6


Yen ta jaman rumuhun,

tata titi tumrah tumaruntun,

bangsa srengat tan winor lan laku batin,

dadi ora gawe bingung,

kang padha nembah Hyang Manon.


Artinya


Bila zaman dahulu,

Tertib teratur runtut harmonissariat

Tidak dicampur aduk dengan olah batin,

Jadi tidak membuat bingung,

bagi yang menyembah Tuhan.


Pada 7


Lire sarengat iku,

kena uga ingaranan laku,

dihin ajeg kapindhone ataberi,

pakolehe putraningsun,

nyenyeger badan mwih kaot.


Artinya


Sesungguhnya sariat itu

Dapat disebut olah,

Pertama tetap kedua tekun.

Anakku, hasil sariat adalah,

Menyegarkan badan agar lebih baik,


Pada 8


Wong seger badanipun,

otot daging kulit balung sungsum,

tumrah ing rah memarah antenging ati,

antenging ati nunungku,

angruwat ruweting batos.


Artinya


Orang segar badannya,

Otot, daging, kulit dan tulang sungsumnya

Mempengaruhi darah membuat tenang di hati.

Ketenangan hati membantu,

Membersihkan kekusutan batin.



Pada 9


Mangkono mungguh ingsun,

ananging ta sarehne asnafun,

beda-beda panduk panduming dumadi,

sayektine nora jumbuh,

tekad kang padha linakon.


Artinya


Begitulah menurut ku,

Tetapi karena orang itu berbeda-beda,

Beda pula garis pembagian nasib,

Sebenarnya tidak cocok,

Tekad yang pada dijalankan itu.


Pada 10


Nanging ta paksa tutur,

rehning tuwa tuwase mung catur,

bok lumuntur lantaraning reh utami,

sing sapa temen tinemu,

nugraha geming Kaprabon.


Artinya


Namun terpaksa  bertutur,

Karena sudah tua kewajibannya menasehati,

Siapa tahu dapat lestari menjadi pedoman tingkah laku utama,

Barang siapa bersungguh-sungguh mendapatkan,

Anugrah kemuliaan dan kehormatan.


Pada 11


Samengko sembah kalbu,

yen lumintu uga dadi laku,

laku agung kang kagungan Narapati,

patitis tetesing kawruh,

meruhi marang kang momong.


Artinya


Berikutnya sembah kalbu,

Jika berkesinambungan juga menjadi olah,

Olah tingkat tinggi yang dimiliki Raja,

Tujuan ajaran ilmu ini,

Memahami yang mengasuh diri (guru sejati/pancer).


Pada 12


Sucine tanpa banyu,

mung nyenyuda mring  ersuasi kalbu,

pambukane tata, titi, ngati-ati

atetetp talaten atul,

tuladhan marang waspaos.


Artinya


Bersucinya tidak menggunakan air

Hanya menahan nafsu di hati

Dimulai dari perilaku yang tertata, teliti dan hati-hati

Teguh, sabar dan tekun,menjadi watak dasar,

Teladan bagi sikap waspada.


Pada 13


Mring jatining pandulu,

panduk ing ndon dedalan satuhu,

lamun lugu  ersuasi reh maligi,

lageane tumalawung,

wenganing alam kinaot.


Artinya


Alam penglihatan yang sejati,

Menggapai sasaran dengan tata cara yang benar,

Biarpun sederhana tatalakunya dibutuhkan konsentrasi,

Sampai terbiasa mendengar suara sayup-sayup dalam keheningan,

Itulah terbukanya “alam lain”


Pada 14


Yen wus kambah kadyeku,

sarat sareh saniskareng laku,

kalakone saka eneng, ening, eling,

Ilanging rasa tumlawung,

kono adile Hyang Manon.


Artinya


Bila telah mencapai seperti itu,

Saratnya sabar segala tingkah laku,

Berhasilnya dengan cara membangun kesadaran, mengheningkan cipta,  pusatkan fikiran kepada Tuhan,

Dengan hilangnya rasa sayup-sayup,

Di situlah keadilan Tuhan terjadi.


Pada 15


Gagare ngunggar kayun,

tan kayungyun mring ayuning kayun,

bangsa anggit yen ginigit nora dadi,

Marma den awas den emut,

mring pamurunging lelakon.


Artinya


Gugurnya jika menuruti kemauan jasad (nafsu),

Tidak suka dengan indahnya kehendak rasa sejati,

Jika merasakan keinginan yang tidak-tidak akan gagal,

Maka awas dan ingat lah,

Dengan yang membuat gagal tujuan.


Pada 16


Samengko kang tinutur,

sembah katri kang sayekti katur,

mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari,

arahen dipun kecakup,

sembah ing Jiwa sutengong.


Artinya


Nanti yang diajarkan,

Sembah ketiga yang sebenarnya,

Diperuntukkan kepada Hyang sukma (jiwa) setiap hari,

Usahakan agar mencapai sembah jiwa ini anakku !


Pada 17


Sayekti luwih prelu,

ingaranan pepuntoning laku,

kalakuan kang tumrap bangsaning batin,

sucine lan Awas Emut,

mring alame alam amot.


Artinya


Sungguh lebih penting,

Yang disebut sebagai ujung jalan spiritual,

Tingkah laku olah batin,

Sucinya dengan awas dan selalu ingat,

Akan alam nan abadi kelak.


Pada 18


Ruktine ngangkah ngukut,

ngiket ngrukut triloka kakukut,

jagad agung gimulung lan jagad cilik,

Den kandel kumandel kulup,

mring kelaping alam kono.


Artinya


Cara menjaganya dengan menguasai, mengambil,

mengikat, merangkul erat tiga jagad yang dikuasai,

Jagad besar tergulung oleh jagad kecil,

Pertebal keyakinanmu anakku,

Akan kilaunya alam tersebut.


Pada 19


Keleme mawa limut,

kalamatan jroning alam kanyut,

sanyatane iku kanyatan kaki,

Sajatine yen tan emut,

sayekti tan bisa awor.


Artinya


Tenggelamnya rasa melalui suasana “remang berkabut”,

Mendapat firasat dalam alam yang menghanyutkan,

Sebenarnya hal itu kenyataan, anakku,

Sejatinya jika tidak ingat,

Sungguh tak bisa “larut”.


Pada 20


Pamete saka luyut,

sarwa sareh saliring panganyut,

lamun yitna kayitnan kang mitayani,

tarlen mung pribadinipun,

kang katon tinonton kono.


Artinya


Jalan keluarnya dari luyut (batas antara lahir dan batin),

Tetap sabar mengikuti “alam  yang menghanyutkan”,

Asal hati-hati dan waspada yang menuntaskan ,

Tidak lain hanyalah diri pribadinya,

Yang tampak terlihat di situ.



Admin
Admin Selamat Bergabung dan Membaca! Jangan Lupa Share.

Post a Comment for "5 Arti Tembang Gambuh Serat Wedhatama "